Basa Inggris kuwe klebu rumpun basa Jermanik kulon, sing asale sekang Inggris. Basa Inggris kiye jane kombinasi antara pirang-prang basa daerah/lokal sing dituturna wong-wong Norwegia, Denmark, Saxon karo Angel, kuwe molai abad 6 ngantek abad 10.
Taun 1066 Inggris dikuasai William the Conqueror, kuwe penakluk sekang Normandia, Perancis lor, bar penaklukan kuwe basa Inggris molai kenang pengaruh basa Latin karo basa Perancis. Meh ± 50% kosakata basa Inggris modern siki asale sekang basa Perancis karo Latin.