![]() |
Tulisan/artikel kiye urung / tembe diterjemahna sebagian sekang basa Indonesia. Mangga ngrewangi Wikipedia kanggo ngelanjutaken. Deleng uga pedoman alih basa Wikipedia. |
Menungsa atawa wong teyeng diartikna sejen-sejen miturut biologis, rohani, lan istilah kabudayan, atawa sacara campuran. Sacara biologis, menungsa diklasifikasikna maring Homo sapiens (Basa Latin kanggo menungsa), sawijining spesies primata sekang golongan mamalia sing dilengkapi utek berkemampuan dhuwur. Nang babagan karohanian, menungsa dijelasna nggunakna konsep jiwa sing maneka warna variasi, nang jeroning agama, dimangerteni hubungane karo kekuatan katuhanan atawa makhluk urip; nang jeroning mitos, menungsa uga kerep dibandingna karo ras liyane. Nang jeroning antropologi kabudayan, menungsa dijelasna adhedhasar basane, organisasi menungsa nang masyarakat majemuk sarta tuwuhing teknologine, lan utamane adhedhasar kemampuane kanggo mbentuk kelompok lan lembaga kanggo dukungan siji karo liyane lan tulung-tinulung.
Penggolongan menungsa sing paling utama kuwe adhedhasar jenis kelaminne. Secara alamiah, jenis kelamin bocah sing tembe lair kuwe lanang atawa wadon. Bocah enom lanang dikenal minangka putra lan seuwise dewasa dadi pria. Bocah enom wadon dikenal minangka putri lan seuwise dewasa dadi wanita.
Panggolongan liyane yakuwe adhedhasar umur, wiwit sekang janin, bayi, balita, bocah, nom-noman, akil balik, pemuda/i, dewasa, lan (wong) tuwa.
Seliyane kuwe esih akeh panggolongan-panggolongan sing liyane, adhedhasar ciri-ciri fisik (werna kulit, rambut, mata; bentuk irung; dhuwur awak), afiliasi sosio-politik-agama (penganut agama/kepercayaan XYZ, warga negara XYZ, anggota partai XYZ), hubungan kekerabatan (keluarga: keluarga cedhak, keluarga adoh, keluarga tiri, keluarga angkat, keluarga asuh; kanca; mugsuh) lan sapanunggalane.
Tokoh kuwe istilah kanggo wong sing tenar (misale 'tokoh politik', 'tokoh sing tampil nang film', 'tokoh sing nampa penghargaan', dll).