K.H. Abdurrahman Wahid ꦑꦾꦲꦶꦏꦗꦶ꧇ꦄꦧ꧀ꦢꦸꦂꦫꦃꦩꦤ꧀ꦮꦲꦶꦢ꧀ | |
---|---|
![]() | |
Présidhèn Indonésia angka 4 | |
Linggih 20 Oktober 1999 – 23 Juli 2001 | |
Wakil Présidhèn | Megawati Soekarnoputri |
Kang sadurungé | Bacharuddin Jusuf Habibie |
Kang sawisé | Megawati Soekarnoputri |
Rerincèn dhiri | |
Lair | 7 September 1940![]() |
Pati | 30 Dhésèmber 2009![]() |
Parté pulitik | Parté Kebangkitan Bangsa |
Sisihan | Sinta Nuriyah |
Anak | Alissa Qotrunnada, Zannuba Ariffah Chafsoh (Yenny), Anita Hayatunnufus, dan Inayah Wulandari |
Panggaota | Politisi |
Agama | Islam |
Tandha tangan | ![]() |
Sana jaringan | http://www.gusdur.net |
KH Abdurrahman Wahid, akrab diundang Gus Dur (lair ing Jombang, 7 Sèptèmber 1940 – pati ing Jakarta, 30 Dhésèmber 2009 ing umur 69 taun; lair kanthi jeneng Abdurrahman Addakhil[1]) iku tokoh Muslim Indonesia lan pamimpin pulitik kang dadi Présidhèn Indonésia kang kapapat wiwit taun 1999 nganti 2001. Gus Dur minangka ketua Nahdlatul Ulama lan kang ngadegaké Parté Kebangkitan Bangsa (PKB). Wahid nggantèkaké Présidhèn B. J. Habibie sawisé kapilih déning MPR asil Pemilu 1999. Mangsa kapresidenan kang diwiwiti tanggal 20 Oktober 1999 dipungkasi sajeroning Sidang Istimewa MPR taun 2001 tangal 23 Juli 2001, kapemimpinan digantèkaké déning wakilé yaiku Megawati Soekarnoputri sawisé mandat dijabel déning MPR.
Abdurrahman Wahid ngayahi papréntahan dibantu déning para mantri sajeroning Kabinet Persatuan Nasional.