Alang-alang

Alang-alang
Alang-alang, suket gedhé khasiat.
Bubulak, Bogor.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Poales
Famili: Poaceae
Génus: Imperata
Spésies: I. cylindrica
Jeneng binomial
Imperata cylindrica
(L.) Beauv.

Alang-alang iku tuwuhan suket-suketan kang urip ing ara-ara utawa dhadhah kosong.[1] Sanajan uripé ing ara-ara nanging alang-alang bisa dadi obat warna-warna lelara.,[2] Akèh zat kimiawi kang migunani kanggo keséhatan tinemu ing alang-alang.[3] Zat-zat mau ya iku manitol, glukosa, sakharosa, malic acid, citric acid, coixol, anindom, lan liya-liyané.[3] Kang kena dianggo obat ya iku godhong lan oyoté alang-alang.[3] Loro-loroné bisa dianggo nalika isih seger utawa wis digaringaké.[3] Saka hasil uji laborat, bisa kabuktèkaké yèn alang-alang uga duwé èfèk farmakologis, têgêsé tuwuhan iki nduwé sipat anti pirètik kang bisa gawé adhem yèn awak lagi panas,hemostatik kang bisa ngendhegna pendarahan, ngilangké rasa ngelak, diuretic ya iku sipat peluruh kemih supaya lumebu ing meridian paru-paru, lambung lan usus cilik.[3] Suket kang bisa urip nganti taunan iki duwé godhong kang pucuké lincip dawa lan ana luguté.[4] Godhong kang lagi semi wujudé lincip landhep kaya eri.[4] Tuwuhan alang-alang wité cendhék, godhongé lincip lan duwé kembang.[4] Ana uga kang godhongé ijo kecampuran biru kembang térong utawa wungu.[4] Dhuwuré kira-kira 0,2-1,5 m.[4] Godhong alang-alang awujud godhong kang mlengkung kaya pita kang dawa nanging pucuké lincip.[4] Dawa godhongé kurang luwih 12-80 cm, pinggiré kasar lan landhep.[4] Kembangé mirib kembang tebu nanging ukurane luwih cilik, dawané kurang luwih 6-28 cm.[4] Kembang alang-alang ana wuluné kang bisa mabur nalika wis garing.[4] Alang-alang ing Inggris diarani satintail, ing Walanda diarani snijgras, ing Minang lan Banjar diarani halalang, ing Sundha diarani eurih, ing Ambon diarani weri utawa weli, ing Ternate diarani kusu-kusu, lan ing Sumbawa diarani wutsu.[5]

  1. fl-dof.com Archived 2011-09-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  2. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv. Species Description: Imperata cylindrica (L.) Beauv Archived 2010-07-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Juli 2011)
  3. a b c d e id.shvoong.com[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 27 Maret 2011)
  4. a b c d e f g h i [Steenis, CGGJ van. 1981. Flora, untuk sekolah di Indonesia. PT Pradnya Paramita, Jakarta. Hal. 121]
  5. Santosa, Iman Budhi (2017). Suta Naya Dhadhap Waru: Manusia Jawa dan Tumbuhan. Yogyakarta: Interlude. kc. 31. ISBN 9786026250421.

Alang-alang

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne