Artocarpus | |
---|---|
Artocarpus altilis (sukun) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Rosales |
Famili: | Moraceae |
Génus: | Artocarpus J.R.Forster lan G.Forster |
Spesies | |
|
Artocarpus iku jeneng marga tetuwuhan kanthi anggota watara 50 spésies wit, sing akèh antarané ngasilaké woh sing bisa dipangan, kaya ta nangka, cempedak lan sukun. Marga sing kagolong sajeroning suku Moraceae iki duwé wewengkon asal-usul saka Asia Kidul, Asia Kidul-Wétan, Papua lan Kapuloan Pasifik kidul.
Akèh-akèhé anggotané ya iku wit-wit kanthi kualitas kayu sing becik, sauntara sapérangan manèh wujud perdu. Lembar godhongé rada atos wujud kulit, mawa wulu-wulu alus mligi ing sisih ngisoré, variasi saka sing ukuran cilik lan pinggirané rata (contoné ing cempedak) nganti sing ukurané gedhé lan kapérang njero kaya ta ing sukun lan mentawa. Pucuk pang katutup sapasang godhong panumpu (stipulae) sing lancip. Kabèh pérangan, yèn ditanoni, ngetokaké tlutuh sing lengket lan putih kaya susu.
Artocarpus asifat monoesis (monoecious, omah siji) ing ngendi kembang lanang lan wadon ana ing sakwit. Kembang lanang uga wadon kasusun sajeroning bulir. Sawisé dibuahi, kembang wadon bakal tuwuh dadi woh majemuk (syncarp), cilik uga gedhé nganti gedhé banget (dawané tekan 90 cm ing woh nangka).