Bruwang

Bruwang kalebu kéwan karnivora ya iku kéwan kang mangan daging, nanging ana uga bruwang kang mangan madu.[1] Bruwang nduwé buntut cilik.[1] Bruwang bisa ngambung lan ngrungokaké kanthi temen saéngga ngerténi ing endi ana mangsa.[1]Kukuné cacahé lima saben tlapak tangan.[1] Bruwang wuluné dawa, ketel lan kasar. Bruwang nduwé cakar lan moncong dawa lan kuping bunder.[1] Untuné bisa kanggo nyuwèk daging kang dadi panganané.[1] Kukuné kanggo nyuwèk, ngeruk, lan nyekel mangsané.[1] Bruwang nduwé kurang luwih 32 nganti 42 untu.[1] Untu taring bruwang ukurané cilik.[1] Untu geraham bruwang ukurané amba, datar lan minangka ngetok lan nggiling daging dadi luwih cilik lan gampang dipangan.[1]

Bruwang nduwé cakar kang cacahé papat.[1] Saben cakar ana lima kuku kang landhep lan dawa.[1] Kuku iki kanggo ménèk wit lan nyuwèk susuh tawon, susuh rayap, lan kanggo ngeruk oyot, uga nyekel mangsané. Bruwang bisa lumayu kanthi kacepetan 50 km/jam utawa 30 mph.[1]

  1. a b c d e f g h i j k l m internasional.kompas.com(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)

Bruwang

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne