Claudius Ptolemaeus

Ptolemeus
Potret Ptolemeus déning Justus van Gent lan Pedro Berruguete (taun 1476)
Jeneng lairΚλαύδιος Πτολεμαῖος
Lairu. 100 Masehi[1]
Mesir, Kekaisaran Romawi
Patiu. 170 (yuswa 69–70) Masehi[1]
Alexandria, Mesir, Kekaisaran Romawi
Warga nagaraRomawi; etnik: Greko-Mesir
Kondhang ingPtolemaic universe
Ptolemeus's world map
Ptolemeus's intense diatonic scale
Ptolemeus's table of chords
Ptolemeus's inequality
Ptolemic's theorem
Karièr ngèlmiah
BabaganAstronomi, Geografi, Astrologi, Optika

Claudius Ptolemeus (/ˈtɒləmi/; Yunani: Πτολεμαῖος, Cithakan:Transliteration; Latin: Claudius Ptolemaeus; u. 100 – c. 170 AD)[1] punika salah satunggaling ahli matematika, ahli astronomi, ahli astrologi, ahli geografi, miwah teoritisi musik[2] ingkang asalipun saking Alexandria. Ptolemeus nyerataken sepisanan buku-buku ilmiah ingkang saget ngudi kawruh. Telung saking buku-buku punika gadhah kautaman kanggé ilmu pengetahuan ing peradaban Roma Byzantine, Islam, lan Eropa Kulon. Serat ingkang pisanan penting punika aslinipun kaserat kanthi irah-irahan Mathēmatikē Syntaxis utawi "Serat Matematika", nanging sapunika dipunsebat Almagest utawi "Serat Ageng". Punika serat astronomi. Serat ingkang kaping kalih ingkang wigati punika Geography, serat ingkang ngrembakan babagan peta lan kawruh geografi ing jagad Greco-Roman. Serat ingkang kaping tiga wigati nyobi nyocogaken astrologi horoskopik kaliyan filsafat alam Aristoteles. Asring dipunsebat Apotelesmatika ("Babagan Efek") nanging luwih kondhang kanthi nama Tetrábiblos ("Papat Buku") utawi ing basa Latin Quadripartite.

  1. a b c Ptolemeus ing Encyclopædia Britannica
  2. Richter, Lukas (2001). "Ptolemeus". Grove Music Online. Oxford: Oxford University Press. doi:10.1093/gmo/9781561592630.article.22510. ISBN 978-1-56159-263-0. Dibukak ing 25 September 2021. Cithakan:Grove Music subscription

Claudius Ptolemaeus

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne