Fisiologi, iku asal saka tembung Yunani physis = 'alam' lan logos = 'carita'/(èlmu?), yaiku èlmu kang nyinaoni fungsi mekanik, fisik, lan biokimia saka makluk urip.
Fisiologi dipérang dadi fisiologi tetuwuhan lan fisiologi kéwan nanging prinsip saka fisiologi sifaté universal, ora gumantung marang sajinis organisme kang disinaoni. Upamané, apa kang disinaoni sajeroning fisiologi sèl khamir bisa uga dicakaké ing sèl manungsa.
Fisiologi kéwan diwiwiti saka metode lan peralatan kang dipigunakaké sajeroning pambelajaran fisiologi manungsa kang banjur sumrambah marang spésies kéwan saliyané manungsa. Fisiologi tetuwuhan akèh migunakaké teknik saka kaloro babagan iki.
Cakupan subjek saka fisiologi kéwan iku kabèh makluk urip. Akèhé subjek njalari panelitèn ing babagan fisiologi kéwan luwih kakonsèntrasi marang pemahaman owahing ciri fisiologis sadawaning sajarah evolusi kéwan.
Cabang ngèlmu liya kang tuwuh saka fisiologi iku biokimia, biofisika, biomekanika, lan farmakologi.