Himalaya

Sesawangan Himalaya lan Gunung Everest. (versi dengan catatan)

Himalaya iku siji barisan pagunungan ing Asia, sing misahaké anak bawana India saka Dhataran Tibèt.

Himalaya iku panggonané gunung-gunung sing paling dhuwur ing donya, kaya ta Gunung Everest lan Kanchenjunga. Miturut ètimologi, Himalaya iku tegesé "panggonané salju", dijupuk saka basa Sansekerta (hima iku tegesé "salju", lan aalaya tegesé "panggonan").

Himalaya nyakup tlatah 5 nagara ya iku Pakistan, India, Cina, Bhutan lan Nepal. Pagunungan iki uga dadi sumber 2 sistem kali gedhé ing donya — Kali Indus lan Kali Ganga-Brahmaputra. Ora kurang saka 750 yuta wong manggon ing laladan saubengé ilèn kali saka Himalaya, kalebu Bangladesh.


Himalaya

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne