Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Kasmira utawi Kasmir punika satunggaling wewengkon ing lor sub-bawana India. Limrahipun tiyang ganggé istilah Kashmir, miturut cara panulisé in basa Inggris. Kasmira ing sajarah punika dipungambaraken minangka satunggaling lembah ing kidul saking ujung paling kulon larikan Himalaya. Kanthi pulitik, istilah Kashmir punika dipunandharaken minangka wewengkon ingkang langkung ageng kalebet wewengkon Jammu, Kashmir, lan Ladakh [1].
Kasmira mapan wonten papan ingkang strategis sanget saéngga manawi dipungabung kaliyan faktor sanès ndadosaken alesan kénging menapa India manggeni dumugi sapunika. Wewengkonipun kathah paredèn lan wana-wana kebak padhusunan. Pucuk-pucuk dhuwuripun wonten ing 15.000-18.000 kaki ingkang wonten ing wewengkon watesan. Awit saking punika pucuk kasebat misahaken Lembah Pendudukan (Occupied Valley) saking Azad, Kashmir [1].