Katakana

Katakana (片仮名, カタカナ?) iku silabari Jepang lan minangka salah siji saka telung aksara Jepang, déné liyané mono hiragana,[1] kanji, uga aksara Latin (ingaran romaji). Tembung katakana ateges "kana kang kapérang-pérang" awit karakter-karakter ing katakana iku tumurun saka pérangan-pérangan kanji kang njlimet. Katakana lan hiragana sakloron iku asistem kana. Kanthi sistem iki, bakuné saben wanda (ingaran mora) ing basa Jepang dilambangaké lumantar karakter cacah siji, utawa ingaran kana, sanadyan uga ana karakter kang mbédani. Saben kana bisa awujud swara kaya ta "a" (katakana ); wyanjana mawa swara kaya ta "ka" (katakana ); utawa "n" (katakana ), yaiku sonoran nasal kang uniné gumantung kontèks, bisa uniné m, n, utawa ng ([ŋ]), utawa kaya swara nasal ing basa Portugis.

Ditandhing karo silabari hiragana kang dicakaké tumrap tembung-tembung lan inflèksi paramasastra asli Jepang amarga ora bisa nganggo kanji, panganggoné silabari katakana iku sairib cithak miring (italics) ing basa Inggris. Mliginé, katakana dianggo ing trankripsi tembung manca menyang basa Jepang lan panulis tumrap tembung serapan (kekaroné ingaran gairaigo). Cethané, katakana iku kanggo nulis onomatopé, istilah ngèlmiyah lan tèhnis, lan jeneng-jeneng tuwuhan, kéwan, mineral, uga kumpeni Jepang.

Katakana duwé ciri ing garitané kang cekak tur lempeng déné pojokané nikung landhep (mlekuk). Katakana uga ingaran kang paling gampang ing aksara Jepang.[2] Ana rong warna déntawyanjana tumrap katakana, yaiku déntawyanjana kanthi urutan iroha utawa déntawyanjana kanthi urutan gojūon.

  1. Roy Andrew Miller (1966) A Japanese Reader: Graded Lessons in the Modern Language, Rutland, Vermont: Charles E. Tuttle Company, Tokyo, Japan, p. 28, Lesson 7: Katakana: a—no.
  2. Miller, p. 28.

Katakana

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne