Kuku

Anatomi kuku

Kuku iku pérangan awak kéwan kang ana utawa thukul lan tuwuh ing pucuk driji. Kuku tuwuh saka sèl mèmper gel lembut kang mati, saya atos, lan banjur kadhapur nalika wiwit tuwuh saka pucuk driji. Kulit ari ing pangkal kuku duwé fungsi ngreksa saka regetan. Fungsi utama kuku ya iku ngreksa pucuk driji kang lembut lan kebak urat saraf, sarta ndhuwuraké daya sentuh. Sacara kimia, kuku padha karo rambut kang antarané kadhapur saka keratin protéin lan akèh kandhungan sulfur é.

Ing kulit sangisoré kuku ana akèh pambuluh kapiler kang duwé suplai getih kuwat saéngga nimbulaké warna kaabang-abangan. Kaya balung lan untu, kuku wujud pérangan paling atos saka awak amarga kandhungan banyuné sithik banget.

Tuwuhing kuku driji tangan seminggu rata-rata 0,5 - 1,5 mm, ping papat luwih rikat tinimbang tuwuhing kuku driji sikil. Tuwuhing kuku uga kadayan déning panas awak.

Nutrisi kang becik wigati banget kanggo tuwuhing kuku. Sawalikké, yèn kekurangan gizi utawa kena lelara anoreksia nervosa, tuwuhing kuku alon banget lan rapuh.


Kuku

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne