Markisa | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Spermathopyta |
Ordho: | Malpighiales |
Famili: | Passifloraceae |
Génus: | Passiflora |
Spésies: | P. edulis |
Jeneng binomial | |
Passiflora edulis Sims |
Markisa éwoning tuwuhan génus Passiflora, asalè saka laladan tropis lan sub tropis ing Amèrika lan akèh ditandur ing nagara Brazillia, Australia, Fiji, Kènya lan Afrika.[1] Ana ing laladan asalè markisa akèh urip ana ing alas-alas lan jinisè uga warna-warna.[2] Ing Indonèsia uga akèh ditandur ing laladan Sumatera Lor, Sumatera Kulon, Sumatera Kidul, Jawa Kulon, Sulawesi Kidul, lan ing laladan-laladan liyanè.[1] Ing Indonèsia ana rong jinis markisa ya iku markisa ungu passiflora edulis kang urip ana ing dataran dhuwur lan markisa kuning passiflora flavicarva kang urip ana ing dataran cendhèk.[3] Saliyané iku uga ana jinis markisa markisa konyal (Passiflora lingularis) lan markisa erbis (Passiflora quadrangularis).[4] Laladan kang dadi sèntra produksi markisa iki kaya ta Sumatera Lor, lan Sulawesi Kidul.[3] Markisa kang diasilakèè ana ing Indonésia racaké kanggo digawè sirup markisa.[4] Sirup markisa iki duwè manfaat kanggo awak.[4]