Organisasi Internasional kanggo Standardisasi (basa Inggris: International Organization for Standardization dicekak ISO utawa Iso) iku badan panetepan baku internasional sing dumadi saka wakil-wakil badan baku nasional saben nagara. Wiwitané, cekakan jeneng badan mau ya iku IOS, dudu ISO. Nanging saiki luwih kerep nganggo cekakan ISO, amarga sajeroning basa Yunani isos tegesé padha (equal). Panggunaan iki disa dideleng ing tembung isometrik utawa isonomi.
Diadegaké tanggal 23 Fèbruari 1947, ISO netepaé baku-baku industrial lan komersial donya. ISO, sing wujud lembaga nirlaba internasional, wiwitané diyasa kanggo gawé lan ngenalaké standardisasi internasional kanggo apa waé. Standar sing awaké dhéwé wis ngerti antarané baku jinis filem fotografi, ukuran kartu telepon, kartu ATM Bank, ukuran lan kandelé kertas lan liya-liyané. Sajeroning ngukuhaké siji baku mau badan iki ngundang wakil anggotané saka 130 nagara kanggo lungguh ing Komite Teknis (TC), Sub Komite (SC) lan Kelompok Kerja (WG).
Sanadyan ISO iku organisasi nonpamaréntah, kemampuané kanggo ngukuhaké baku sing sok dadi ukum liwat pasetujon utawa baku nasional agawé luwih duwé prabawa tinimbang organisasi non-pamaréntah liyané, lan sajeroning praktek ISO dadi konsorsium kanthi gegayutan sing kuwat karo pihak-pihak pemeréntah. Peserta ISO kalebu siji badan baku nasional saka saben nagara lan perusahaan-prusahaan gedhé.
ISO nyambut gawé bebarengan karo Komisi Elektroteknik Internasional (IEC) sing tanggung jawab ngenani standardisasi peralatan elektronik.
Penerapan ISO ing siji prusahaan migunani kanggo: