Perang Salib [1] inggih punika satunggalipun obahan umat Kristen ing Éropa ingkang merangi umat Muslim ing Palestina ingkang dipunambali saking abad kaping 11 ngantos abad kaping 13, kanthi tujuan ngrebut Wewengkon Suci saki kakuaosanipun tiyang Muslim lan damel gréja lan karajan Latin ing Wétan.[2] Dipunparingi nama Perang Salib amargi saben tiyang Éropa ingkang ndhérék perang sami ngagem salib ing geger, lencana, lan panji-panji perang tiyang Éropa punika.[3]
Tetembungan Perang Salib ugi dipun-ginakaken kanggé ékspedisi-ékspedisi alit ing abad kaping 16 ing wewengkon sanjawinipun Bawana Éropa, limrahipun dhateng kaum pagan lan kaun non-Kristiani kanggé alesan ingkang manéka warni; antawisipun agami, ékonomi, lan pulitik.[2]
Sejatosipun Perang Salib sanès perang agami, nanging perang ngrebut satunggalipun kakuaosan laladan.[2] Babagan punika dipunbuktikaken bilih tamtama Salib lan tamtama Muslim sami tuker-tukeran ngèlmu kawruh.[2]
Perang Salib gadhah prabawa ingkang ageng tumrap babagan pulitik, ékonomi, lan sosial ingkang ngantos dumugi sapunika prabawa punika taksih saged dipunraosaken.[2] Amargi konflik internal antawisipun karajan-karajan Kristen lan kakiyatan pulitik, wonten sawatawis ékspedisi Perang Salib (kados Perang Salib Kaping Sekawan) ingkang owah saking tujuan ingkang sepisanan.[2]