Prangko ing basa latin diarani franco.[1] Prangko ya iku kertas kang ana duwé lém ing pérangan mburi, béntuké kothak lan ana gambaré.[1] Prangko gunané kanggo bukti yèn wis nglakokaké transaksi ing layanan jasa pos kaya ta ngirim surat utawa layang.[1] Prangko ditémpélaké ing amplop, kertu pos, utawa barang pos liyané sadurungé dikirim.[1] Pembayaran nggunakaké prangko dadi cara mbayar kang paling populèr yèn kabandingaké cara liyané, kaya ta nggunakaké aerogram.[1] Prangko kang sepisanan dipublikasékaké tanggal 1 Mèi 1840 ing Karajan Manunggal.[1] Nalika iku prangko dadi réformasi pos kang dikenalké karo Rowland Hill.[1] Nganti saiki Karajan Manunggal éntuk perlakuan mirunggan, nagara iki dadi siji-sijiné nagara kang ora perlu ncantumaké jeneng nagara ing prangko.[1]
Prangko wujudé kertas kang ana gambaré kang diterbitake karo nagara, ing mburiné ana lim kanggo némplékaké.[2] Ing pérangan ngarep ana tulisan rega kang dadi biaya kanggo ngirim pos.[2] Kanthi némpélaké prangko tegesé béaya kiriman iku wis dilunasi kang ngirim surat lan kang dadi imbalané ya iku pos duwé kawajiban kanggo ngirimaké layang iku ing alamat kang dadi ancasé.[1]
Kagiyatan surat-suratan lam sistem kanggo ngeposké sabenere wis ana nalika durung ana prangko.[2] Saben pamaréntah yasa sarana lan prasarana kanggo nyukupi kebutuhan perposan.[2] Kaya ta Jalan Raya Anyer-Panarukan kang diyasa déné gubernur jenderal Indhiya Nèderlan kang jenengé Herman Willem Daendels kaloka kanthi jeneng Jalan Pos Raya.[1]
Prangko gambaré panggonan kang duwé sajarah, gambar wong, lan gambar prastawa kang wigati.[2] Pernikahan William-Kate uga digawé ing gambar prangko déné pamaréntah Kanada.[2]