Pudhing ya iku jeneng kanggo warna-warna hidhangan panutup kang lumrahé digawé saka bahan-bahan kang digodhog, dikukus, utawa dipanggang.[1] Istilah pudhing uga dianggo ing warna-warna jinis pai kang isiné lemak kéwan, daging, utawa woh-wohan kang dipanggang.[1]
Pudhing kang bahan dhasaré susu (yogurt), glepung maizéna, tapioka, utawa endhog kang dipangan kanthi diademaké dhisik.[1] Pudhing kaya ngéné iki rasané legi kanthi bahan campuran kaya ta coklat, karamél, vanila, utawa woh-wohan.[1] Pudhing ager-ager digawé kanthi myampuraké ager-ager karo susu, glepung maizena, utawa endhog kang dikocok.[1] Pudhing ager-ager kerep dipangan karo saos. Saos pudhing iki diarani vla. Tepung puding instan luwih gampang nalika digawé pudhing awit mung dicampur karo susu utawa banyu panas lan dijarké nganti adhem lan kenyal.[1] Ing Indonésia ana warna-warna pudhing kang rasané tradhisional.[1] Pudhing iki lumrahé nggunakaké klapa nom, gula abang, tapè, ketang ireng, utawa campuran godhong suji lan godhong pandhan.[1] Woh-wohan kang dianggo nggawé pudhing kaya ta jeruk, nanas, sirsak, mangga, utawa markisa.[1]