Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Viskositas punika pengukuran saking ketahanan fluida ingkang sampun dièwahi saé kaliyan tèkanan utawi tegangan. Ing prakawis sadinten-dinten (lan namung kanggé fluida), viskositas inggih punika "Ketebalan" utawi "pergesekan internal". manawi makaten, toya ingkang "tipis", gadhah viskositas langkung cendhèk, manawi madu ingkang "tebal", gadhah viskositas ingkang langkung inggil. Sederhana, punika cendhèk viskositas suatu fluida, punika langkung ageng ugi perobahan saking fluida mau.[1] Viskositas njelentrehaken ketahanan internal fluida kanggé ngalir lan mungkin saged dipunpikiraken dados pengukuran saking pergeseran fluida. Dados tuladha, viskositas ingkang inggil saking magma badhé nyiptaaken statovolcano ingkang inggil lan curam, amargi boten saged engalir langkung tebih sakderenge ndingin, manawi viskositas ingkang langkung cendhèk saking lava badhé nyipaaken volcano ingkang cendhèk lan lebar. Sedaya fluida (sanèsipun superfluida) gadhah ketahanan saking tekanan lan amargi punika dipunsebat kental, nanging fluida ingkang boten nggadahii ketahanan tekanan lan tegangan dipunsebat fluide ideal.
Studi saking bahan ingkang ngalir dipunsebat Rheologi, ingkang kalebet viskositas lan konsèp ingkang gegayutan.