Wong Bugis utawa Suku Bugis iku kalebu golongan ètnik kang laladan asalé ing Sulawesi Kidul.[1] Suku Bugis bisa dititèni saka basa lan adat-istiadat.[1] Wong-wong Malayu lan Minangkabau kang ngulandara ing Sulawesi wiwit abad kaping 15 lan dadi pedagang lan tenaga administrasi ing Karajan Gowa kang wis ngalami akulturasi,uga bisa diarani wong Bugis.[1]
Miturut sensus warga Indonésia taun 2000, populasi wong Bugis akehé nem yuta (6.000.000) wong.[1] Saiki wong-wong iki sumebar ing provinsi-provinsi liyané ing Indonésia kaya ta ing Sulawesi Tenggara, Sulawesi Tengah, Papua, Kalimantan Timur, lan Kalimantan Selatan.[1] Saliyané iku, wong Bugis uga akèh kang merantau ing mancanagara.[1] Bugis iku suku kang kagolong ing suku-suku Malayu Deutero.[1]
Mlebu ing Nusantara sawisé gelombang migrasi kang sepisanan saka daratan Asia ya iku ing Yunan.[1] Tembung Bugis asalé saka tembung To Ugi, kang tegesé wong Bugis.[1] Jeneng ugi uga jenengé ratu kang sepisanan ing karajan Cina kang manggon ing Pammana, Kabupatèn Wajo saiki ya iku La Sattumpugi.[1] Nalika rakyat La Sattumpugi jenengi awaké, rakyat iku ngarah ing rajané, Jeneng To Ugi tegesé wong-wong kang mèlu mring La Sattumpugi.[1] La Sattumpugi iku bapak saka We Cudai lan isih sadulur karo Batara Lattu, bapak saka Sawerigading.[1] Sawerigading iku bojoné We Cudai kang nglairaké anak kalebu La Galigo kang nggawé karya sastra kang gedhé dhéwé kang cacahé kurang luwih 9000 folio.[1]Sawerigading Opunna Ware (Yang dipertuan ing Ware) iku kisah kang ditulis ing karya sastra I La Galigo ing tradhisi masarakat Bugis.[1] Kisah Sawerigading uga kaloka ing tradhisi masarakat Luwuk, Kaili, Gorontalo lan tradhisi liyané ing Sulawesi kaya ta Buton.[1] Suku Bugis uga duwé aturan sajeroning nenikahan.[2]