Daeboreum utawi Jeongwol Daeboreum inggih punika karaméan wulan purnama kapisan bibat taun énggal kalender lunar[1]. Sami kaliyan Festival Lampion, karaméan punika wonten ing dinten kaping 15 wulan kapisan kalender Tionghoa. Wonten ing Basa Koréa, jeongwol ateges "wulan kapisan", dae ateges "ageng", déné boreum ateges "wulan purnama". Perayaan punika kanthi ancas kanggé nyingkiri nasib ala lan arwah ingkang ala ugi. Dhaharan ingkang dipundhahar nalika karaméan Daeboreum kanthi ancas supados tiyang punika tansah begja lan waras sedawaning taun. Ing Jeju, Daeboreum dipunrayakaken kanthi ageng awujud Festival Geni Jeongwol Daeboreum[2].