Kaul iku janji prasetya kang diikrarké déning para réligius agama Katulik.[1] Sejatiné, kaul iku tembung kang umum kanggo nyebut janji utawa ikrar, nanging saiki asring dienggo mligi kanggo para réligius Katulik. Para réligius ya iku romo, bruder lan suster. Lumrahé ing tembé mangsa novisiat, para novis ngikrarké kaul marang Sarèkat utawa kongregasiné. Ana telu kaul kang mligi diikrarké déning para religius, ya iku, urip mlarat utawa miskin, wadhat, lan tangat. Kaul iku ana rong warna, kaul sawatara lan kaul salawasé (kekal). Iku mau gumantung karo aturaning Sarékat lan kongregasi. Ana ing Sarékat Yesus saumpamané, kabèh novis kang bisa ngrampungké 2 taun mangsa novisiat, banjur ngikrarke kaul salawasé.[2] Ewadéné mengko sawisé urip sajeroning Sarékat sawatara wektu manèh, banjur ngikrarké kaul pungkasan (akhér).