Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Miyeokguk

Miyeokguk, sup rumput laut.

Miyeokguk utawa sup miyeok (미역국) ya iku sup kas Koréa kang digawé saka miyeok (rumput laut coklat;Undaria pinnatifida).[1] Sup miyeok digawé saka godhokan kaldu balung sapi lan diwènèhi kecap.[1] Miyeok Koréa kang diasilake saka laut duwé kuwalitas apik lan biyaane dipangan nalika garing.[1] Tradisine wong Koréa mènèhi sup rumput laut marang ibu kang lagi nglairaké amarga dipercaya miyeok ngandhut bahan kang bisa nambah kandhutan asi.[1] Saliyané iku tradisi mangan sup miyeok uga ditindakake nalika ulang taun.[1][2] Biyèn bapak mertua kang ngenteni putune lair bakal tuku miyeok kang paling apik ing pasar.[1] Wujud miyeok kang dawa lan amba ya iku kang paling digoleki.[1] Sawisé tuku dhèwèké bakal gawa bali miyeok mau kanthi dipikul ing geger nganggo tali dami supaya ora remuk.[1] Tali dami dipercaya bisa nangkal gangguan arwah jahat.[1] Saliyané iku, yèn miyeok mau tugel calon ibu bakal kesusahan nglairaké anaké.[1]

  1. a b c d e f g h i j An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co. 2002. kc. 25. ISBN 89-8546-98-1. {{cite book}}: Check |isbn= value: length (pitulung)
  2. Korean Food: Soups, lifeinkorea. Diundhuh tanggal 3 Juni 2010.

Previous Page Next Page






Miyoekguk BAN Miyeok-guk German Miyeok-guk English Miyeok guk Spanish Miyeok-guk Finnish Miyeok-guk French Mijokkuk Hungarian Miyeokguk ID Miyeokguk Italian ミヨックク Japanese

Responsive image

Responsive image