Rukem | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Unranked: | Angiosperms |
Unranked: | Eudicots |
Unranked: | Rosids |
Ordho: | Malpighiales |
Famili: | Salicaceae |
Génus: | Flacourtia |
Spésies: | F. rukam |
Jeneng binomial | |
Flacourtia rukam Zoll. & Moritzi | |
Sinonim | |
Flacourtia euphlebia |
Rukem (Flacourtia rukam) ya iku tuwuhan kang karan asli saka Indonésia. Tuwuhan iki uga diarani ganda rukem utawa gerendhang. Ing basa manca diarani Rukam (Pilipina), Ta Khop Thai (Thailand), Rukam Manis, Rukam Gajah, Rukem (Malaysia), Jawa Rukamu (Jepang). Ing Basa Inggris diarani Governor's plum, Indian plum, lan Indian prune.[1][2] Déné jeneng ngèlmiahé Flacourtia rukam sinonim Flacourtia euphlebia. Rukem bisa ditemokaké ing Asia Kidul-Wétan, Cina lan Indhi[3]. Urip ing laladan tropika kang teles, nganti ing papan kang dhuwuré 1.500 m saka sagara. Habitaté ing alas primèr lan alas sekundhèr.