Sri Maharaja Samarotungga utawi ingkang asring dipunserat kanthi seratan Samaratungga inggih punika raja saking Karajan Medang saking Wangsa Syailendra ingkang jumeneng nata ing taun 792-835.[1] Nalika jumeneng natanipun, Samaratungga langkung nengenaken anggènipun ngrembakakaken agama saha budaya. Ing taun 825, Samaratungga saged ngrampungaken asiling cipta Candhi Barabudhur ingkang sapunika kalebet salah satunggaling keajaiban dunya. Kangge ngiyataken aliansi ing antawisipun wangsa Syailendra, Samaratungga lajeng nikah kaliyan Dewi Tara, putrinipun Dharmestu. Saking asiling nikah, lajeg saged nurunaken putranipun minangka raja salajengipun inggih punika Balaputradewa saha Pramodhawardhani ingkang lajeng nikah kaliyan Rakai Pikatan, putranipun Sri Maharaja Rakai Garung, raja kaping gangsal saking Karajan Medang.[2]