Alderney (basa Perancis: Aurigny, Auregnais: Aoeur'gny) iku pulo gedhé dhéwé katelu ing Kapuloan Channel kang dumunung ing Selat Inggris. Pulo iki minangka péranganing bailiwick Guernsey, siji dependensi makutha Britania Raya. Dawané pulo iki 5 km lan ambané 3 km. Jarak Pulo Alderney watara 16 km saka Cap de la Hague ing Ujung Cotentin, Normandia, Perancis; 32 km saka Guernsey; lan 97 km saka Inggris. Dibandingké karo pulo-pulo liyané ing Kapuloan Kanal, Alderney kang paling cedhak karo Perancis utawa Inggris.