Our website is made possible by displaying online advertisements to our visitors.
Please consider supporting us by disabling your ad blocker.

Responsive image


Robot

Nao Robot
Arm Robot (robot sing wujudé kaya tangan) kanggo indhustri

Robot ya iku piranti mékanik lan dhuweni kecerdasan gawéan kang bisa nglakokaké tugas kanthi nggunakaké pangawasan kontrol manungsa utawa nggunakaké program kang wis digawé kanthi dirancang dhisik.[1] Robot bisa gerak dhéwé (otonom) uga bisa semi otonom lan bisa dikendalikake nganggo piranti liya sing dicekel utawa dikontrol manungsa. Robot lumrahé kanggo nglakokaké tugas kang abot kang ora bisa dilakoni manungsa.[1] Saliyané abot pagawéyan kang dilakokaké robot uga mbebayani, dibolan-balèni, lan rusuh. Robot lumrahé digunanaké ing indhustri.[1] Ing babagan indhustri robot lumrahé dianggo ing babagan prodhuksi.[1] Robot ing indhustri uga duwé tugas ngresiki limbah kang duwé sipat racun, panjelajahan ing jero banyu utawa ing luar akasa, ing tambang, search and rescue, lan kanggo luru hasil tambang.[1] Robot uga kena kanggo hiburan, pranti kanggo ngresiki omah kaya ta kanggo ngresiki awu, lan ngetoki suket.[1]

[2] Saliyané iku robot uga manut nalika dikongkon.[2] Ing jaman kang teknologi lan ngèlmu kang ngrembaka kanthi rikat bakal dirancang robot-robot kanggo nggampangaké tugasé manugsa.[2] Robot uga ana kang bisa numpak montor.[2] Nalika nggawé robot mbutuhaké ancangan kang bener saéngga robot bisa nglakoni apa kang wis diprogramaké.[2] Kaya ta nalika robot dirancang kanggo lumayu aja nganti robot malah lumaku.[2] Apamanéh nalika robot nggarap tugas kang wigati lan mbebayani, nalika salah program bakal nggawé rusak pagawéyan kang digarap.[2] Nggawé robot mbutuhaké akèh piranti éléktronik lan komputer kanggo mrogram. Robot uga ora kena digawé sembarang wong, wong kang nggawé robot ya iku ahli mirunggan kang duwé kawruh kang mumpuni ing tèknologi lan éléktro.[2]

Mesin awalé dianggo kanggo fungsi berulang (terus-menerus), kaya ta nimba banyu, ngetok wit lan liya-liyané. Kemajuan tèknologi mesin sing luwih kompleks mesin iku bisa dadi robot sing duwé kecerdasan gawéan, kanggo kabehe aktvitas pendukung manungsa, awit saka pekerjaan entheng nganti pagawéan abot, sing wigati nganti hiburan.

  1. a b c d e f robots-dreams.com Archived 2007-03-06 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h newscientist.com(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2011)

Previous Page Next Page






Robot AF Roboter ALS ሮቦት AM Robot AN Searuþræl ANG Rọbọt ANN روبوت Arabic ৰবট AS Robó AST Robot AZ

Responsive image

Responsive image