Selasih | |
---|---|
Selasih Éropah (Ocimum basilicum) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Lamiales |
Famili: | Lamiaceae |
Génus: | Ocimum |
Spesies | |
Wonten 35 jinis, inggih punika
Ocimum americanum
Ocimum basilicum
Ocimum campechianum
Ocimum gratissimum
Ocimum kilimandscharicum
Ocimum tenuiflorum |
Selasih tetuwuhan ingkang duwé kasiat kang apik kanggo awak, kagolong tuwuhan Labiatae [1]. Tuwuhan selasih iku tetuwuhan musiman kang ngepang akèh ning dhuwuré, mambuné wangi batangé soklat segi papat. godhongé tunggal, dhapuré bunder endhog[2]. Wiji selasih kang wis dikum banyu kaya ta endhog kodok, duwé selaput kang bening lan cilik-cilik [3] Ning Italia lan Prancis tuwuhan selasih tau dadi tuwuhan kraton, nanging ning laladan India, selasih dadi tuwuhan kang disucikaké amarga lumrahé dienggo ning upacara keagamaan[3]. Kabèh bagiané tuwuhan iki duwé guna, wijiné uga énak manawa didadekaké ombé-ombenan seger[4].