Tsunami (basa Jepang: 津波 kang tegesé barès "ombak gedhé ing palabuhan"), iku ombak kang ana sawisé ana lindhu, gunung geni njeblug, utawa horeging météor kang ngantem tiba ing sagara. Tenaga saben tsunami iku tetep, fungsi dhuwur lan lajuné. Mula yèn glombang ngampiri pasisir pasisir, dhuwuré saya tambah kamangka lajuné mudhun. Glombang iku obah karo laju kang dhuwur, mèh ora disadari yèn ngliwati banyu jero, anging munggah dadi 30 mèter utawa luwih. Tsunami bisa nggawé karusakan érosi ing kawasan pasisir pasisir lan kapulowan.