Sariawan utawa stomatitis ya iku radang kang kadadéan ing mukosa mulut, lumrahé wujud bercak putih rada kekuningan.[1] Sariawan bisa nyerang selaput lendir pipi pérangan jero, lambé pérangan jero, ilat, gusi sarta langit-langit ing gronggongan mulut.[1] Sanajan ora kagolong mbebayani, nanging sariawan bisa ngganggu banget.[1]