Sinar-X utawa sinar Röntgen iku wangun radhiasi elektromagnetik kanthi dawa gelombang watara 10 nanometer nganti 100 picometer (mèmper frekuensi sajeroning jangka 30 PHz nganti 60 EHz). Sinar-X lumrahé dipigunakaké sajeroning diagnosis gambar medikal lan Kristalografi sinar-X. Sinar-X iku wangun saka radiasi ion lan bisa mbebayani.