Soju

Soju
Hangul소주
Hanja燒酒
Alihaksara Koréa Kang SinampurnaSoju
McCune–ReischauerSoju

Soju inggih punika unjukan distilasi ingkang asalipun saking Koréa [1]. Sapérangan ageng mèrek soju punika dipunproduksi wonten ing Koréa Kidul. Sanajan bahan baku soju punika beras nanging sapérangan ageng produsèn unjukan soju punika ngginakaken bahan tambahan utawi bahan kanggé gantosipun beras kados ta kenthang, gandhum, jelai, uwi rambat, utawi tapioka (dangmil). Unjukan punika bening lan boten wonten warninipun kanthi kadar alkohol ingkang bènten-bènten wiwit saking 20% dumugi 45% Alkohol Berdasarkan Volume (ABV). Kadar alkohol ingkang paling umum dipun-ginakaken kanggé soju inggih punika 20% ABV. Jinro punika satunggaling produsèn soju ingkang paling ageng wonten ing Koréa [2]. Nalika taun 2007, Jinro nyadé langkung saking 72 juta krat soju.[3][4])

  1. Berapa Banyak Botol Soju Yang Dapat Diminum Oleh Model Soju?, (dipunakses tanggal 12 Maret 2013)
  2. Jinro Soju[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 12 Maret 2013)
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2010-11-29. Dibukak ing 2013-03-12.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. http://www.businessweek.com/globalbiz/blog/eyeonasia/archives/2008/08/heres_quick_qui.html

Soju

Dodaje.pl - Ogłoszenia lokalne